Janturan
Jejer Negari Ngastina
Swuh
rep data pitana, swuh iku werdine sirna, rep ninggih swasana tentrem, data
hangesti, pitana iku luhur. Sirna kang memala, mahanani jagad tentrem, lamun
kita hangesti marang luhuring budaya. Duho menika wewangson kina gegambaraning
wayang purwa, bebasan darda pendhak kala sirna, rahayu kang kaesthi, rahayu
sagung dumadi. Para Pandhita giyah nganggit pangandikaning Jawata, ginantha
dadiya carita, ninggih menika binukaning duwara wiwit wayang ginelar suh
sesuluh lumantar gancaring sekar.
Hanenggih
negari pundi ingkang minangka purwakaning carita, lah menika ingkang sinebat
negari Ngastina ya negari Gajahoya. Mila kinarya bebuka ngupayaa negari satus
datan antuk kalih, sewu tan antuk sedasa. Mila winastan negari Ngastina satuhu
kedhatone Prabu Hastimurti. Marma winastan Negari Gajahoya yekti yasanira Sang
Gajahoya ing nguni.
Wenang
sinebat negari ingkang panjang punjung pasir wukir loh jinawi gemah ripah karta
tur raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, samodra, wukir
gunung, dene negari ngungkuraken pagunungan, ngungkuraken pasabinan, nengenake
benawi, ngayunaken bandaran ageng, loh sugih sumber toya, marma tulus kang
sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinimbas. Gemah kang laku dagang rina
wengi selur tan ana pedhote, labet tan ana sang sayaning marga. Ripah janma kang samya gegriya
salebeting praja jejel apepet tepung cukit aben taritis, papan wiyar katingal
rupak awit saking harjaning negari. Karta kawula ing padhusunan samya ayem
tentrem atine, mungkul pangolahing tetanen, ingon-ingon raja kaya kebo, pitik, iwen yen rina aglar
ing pangonan, kalamun wanci sore pada mulih marang kandhange dewe-dewe, data
nana carane kandhang nganggo pepalang, lawang kinancingan, labet ana durjana
juti. Raharja tebih ing parangmuka, dene para punggawa mantra bupati datan ana
ingkang samya lampah cecengilan, sedaya samya atut rukun sahiyek saeka kapti
denira ngangkat karyaning praja.
Winastan
agung awit Negara kang gede obore, padhang jagade, jero tancebe, dhuwur kukuse,
adoh marang kuncarane, boten namung praja ing kanan kering kewala ingkang
sumuyud, senadyan ing tebih-tebih tanah sabrang kathah ingkang sami sumawita
datan karana bandayuda. Bebasan ingkang celak mangklung , ingkang tebih
tumiyung, samya mara seba, atur bulu bekti myang glondhong pangareng-areng,
peni-peni raja peni guru bakal guru dadi
luminter tan ana kendhate lumados ing saben warsa
Wenang
den ucapno jejuluk nata ing Ngastina, ajejuluk Prabu Duryudana, ya Prabu
Suyudana, ya Parabu Jaka Pitana, ya Prabu Dhestarastaputra, ya Prabu Gendariputra,
ya Prabu Kurupati, ya Prabu Trimamangsah. Mila Ajuluk Prabu Duryudana tuhu
dadya makuthaning prajurit. Mila jejuluk Prabu Suyudana, suyud pepengil dana
marang paweweh, sayekti agung dedanane nata ing Ngastina. Mila jejuluk Prabu
Jakapitana, dene gyanira jumeneng nata taksih wewujang dereng nambut ing
akrama silaning pramada. Mila jejuluk
Prabu Dhestarastaputra dene putrane Prabu Dhestarasta. Mila Jejuuk Prabu
Gendariputra pranyata putrane Dewi Gendari. Mila jejuluk Prabu Kurupati dene
ngratoni trahing bangsa Kuru. Mila jejuluk Prabu Trimamangsah, tri telu stya
wacana, lila ing brana, sura ing pati, mamangsah wus amastani.
Dene
lelabuhaning nata paring sandang wong kawudan, asung pangan wong kaluwen, aweh
banyu wong kasatan, tulung teken wong kalunyon, paring kudung wong kepanasan,
asung payung wong kodanan, hamaluyakake wong sakit, karya sukaning kang
nandhang prihatin. Lampahing pangadilan praja anindakaken sama beda dana
dendha, lire boten ambau kapine, yen sampun leresing kapidana senadyan putra
sentana myang keluarga, boten wigah-wigih lajeng katrapan ing pamisesa. Nanging
uga berbudi bawaleksana, lire berbudi lila legawa ing driya, tansah
anggeganjar ngulawisuda. Bawaleksana hanetepi
pangandika, punapa ingkang sampun kadhawuhan boten kenging oncat tetep kalampahan.
Yen ta ginunggunga lelabuhaning nata, wiyaring laladan sedalu tan ana pedhote,
pinunggel ingkang murweng kawi sinigeg.
Nuju
ing Hari Respati, sang Nata miyos siniwaka aneng sitinggil binaturata, lenggah
ing dhampar denta, pinalipit ing kencana, pinanthik, ing sesotya retna, lemek
babut permadani, sinebaran sari-sari ginadawida jabat kasturi. Ginarebeg ing
badhaya srimpi biyada manggung ketanggung, jaka palara-lara ingkang samya
ngampil upacara nata, banyak dalang, sawunggaling, ardhawalika, kacumas,
dwipangga, ingkang sedaya saking kencana bebakalan.
Sang
nata kinebutan laring manyura saking kanan kering, kongas gandaning nata
ngantos dumugi ing pangurakan. Sirna kamanungsane lir pendhah Sang Hyang Sambu
ngejawantah den ayap para widadari.
Rep
sidem premanem tan ana swabawane walang
ngalisik, gegodhongan tan ana obah, samirana tan lumampah, amung
lamat-lamat kapiyarsa swaraning
pradangga munya anganyut-anyut, lan unining manuk engkuk, jalak kang mencok
panging waringin. Miwah swaraning
panambut karyaning para abdi pandhe gendhing kriya kemasan, cakapireng cat boten saking pangkilan, patih carengkling imbal
ganti ngemu wirama, saya muwuhi asri rarasing
pangkilan.
Sinten
ta ingkang lenggah mungging ngarsa nata, yekti punika brahmaning
praja ingkang minangka paran para, yeku pendita ing Sokalima kekasih
Dahyang Durna ya Resi Kumbayana. Pendhita putus marang saliring reh saniskara
datan kasamaran marang mobah musiking manungsa. Mila wong sak praja samya ambapa marang pendhita ing Sokalima. Dene ingkang
lenggah amarikelu kaya konjema pratala
wedanane yekti punika warangka nata ing Ngastina akekasih Raden Hariya Suman ya
Raden Hariya Sengkuni. Dhasar kadang nata kapernah paman tur ngasta pusaraning
praja, lebda marang reh ingering praja,
marma wong sak praja padha wedi asih marang Rekyana Patih Hariya Sengkuni. Dene
ingkang lenggah radi kepering punika
Raden Kartamarma, pangeran ngiras paniti sastra lebda marang olah pranataning
praja, mila rinten dalu tansah cinaket ing raka nata.
Ing
pagelaran andher para mantri bupati saha wadya, jejel ambelabar ngantos dumugi
sajawining taratag, kaya andhoyong-ndhyongna pancake sujining alun-alun,
kadheseging wadya kang samya seba, abra maneka warna busananira kawuryan pindha sekar setaman yayah
hanyuremna sunaring Hyang Pratanggapati. Ing alun-alun pepandhen umbul-umbul,
lelayu, bandera, rontek, payung bawat, tinon angendanu pindha mendhung.
Mangkana sang nata asung sasmita dhateng Rekyana Patih Hariya Sengkuni
pratandha wiwitaning sabda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar